Berikut ini pidato upacara peringatan hari Kartini tanggal 21 April 2016 yang lalu di SMP Maria Assumpta Klaten yang dibawakan dalam bahasa jawa :
Saben tanggal 21 April, mujudake dina kang duweni sejarah tumrape kaum wanita Indonesia. Dina iki dipengeti awit bareng wiyose R.A. Kartini tanggal 21 April 1879 lan seda tanggal 17 September 1904 (yuswa 25 tahun) ing Jepara. Kartini satunggiling kusumaning bangsa wanita kang nduweni gegayuhan ageng kanggo ngangkat drajate kaum wanita. Mesthine kita kabeh mangerteni kepriye perjuangane R.A. Kartini supaya kaum wanita Indonesia ora kalah drajate karo kaum priya, iku bisa dideleng ing kumpulan layange kang dikirim menyang mitrane ing negara Walanda, banjur didadekake buku dening Mr.J.H Abendanon kang dijarwakake nganggo basa Indonesia “Habis Gelap Terbitlah Terang”, yen dibasa jawakake “Miyak Pepeteng Tekan Ing Pepadhang”. Mula wis samesthine para wanita bisa nulad apa sing dikersaake panjenengane mau, supaya apa sing wis diperjuangake ora muspra.
Kanggo mengeti akeh cara sing bisa ditindakake, kayata ing dina iku para wanita lan pria pada nganggo busana kejawen. Wanita nganggo nyamping lan kebaya uga ana sing nganggo busana Nasional, dene sing pria nganggo batik utawa sorjan kang uga ditindakake dene sadaya warga SMP MARIA ASSUMPTA. Pengetan Kartini ing SMP MARIA ASSUMTA dewe ditindakake kanthi maneka warna rerangken acara. Kawiwitan upacara kanthi nggunaake basa Jawa kang paragane upacara wanita kabeh, sanajan lagi sepisan iki warga Maria Assumpta nganaake upacara basa Jawa nanging titi laksana upacara bisa lumaku kanthi lancar lan nyenengake, siswa-siswi sakjrone upacara wiwit nganti pungkasan padha anteng lan tetep siaga. Sakbanjure maneka warna lomba kagelar kanggo siswa-siswi kayata; vokal grup, ndandani kancane banjur katerusake fashion show, setrika, lan masak.
Lomba kawiwitan vokal grup dening saben kelas kang ngirimake wakile, rampung lomba vocal grup diselingi pengarahan babagan kesehatan kanthi tema “1000 hari awal kehidupan anak” dipun salirani dening ibu dr. Arini saka Puskesmas. Rampung pengarahan siswa-siswi istirahat kurang luwih 15 menit banjur kalanjutake lomba-lomba liane. Lomba mau kabeh katindakake nduweni tujuan supaya para murid bisa ngembangake bakat lan kapinteran sing diduweni, sing baku kanggo mboktekake sakjrone pasinaon bisa ditampa kanthi apik apa ora dening siswa-siswi amarga lomba vocal grup gegayutan karo pasinaon Seni Budaya, dene lomba ndandani kancane banjur katerusake fashion show, setrika, lan masak gegayutan karo pasinaon PKK kang ngemot babagan tata busana, tata boga, lan grooming ( sopan santun, ngrawat salira, lsp). Rikala lomba setrika paraga sing makili kelase kudu nyampeake panemune (nindakake orasi) babagan alesane ngapa kita kudu nganggo sandangan kudu edi peni (rapi) lan resik supaya siawa-siswi padha kebukak atine menawa nyandang kudu tansah edi peni (rapi) lan resik penting kanggo awake dhewe-dhewe. Semono uga lomba fashion show, paraga sing makili kudu nyampeake panemune (nindakake orasi) ngapa kita kudu nganggo lan nresnani sandangan kejawen kang kita duweni.
Acara katon rame lan guyup amarga kabeh warga sekolah sayuk rukun nandhangi apa kang dadi tanggung jawabe dewe-dewe tanpa ninggalake paseduluran antarane siji lan liyane. Muga-muga semangat Kartini tansah ngrasuk ing jiwa para warga SMP MARIA ASSUMPTA kang utami siswa-siswine, pengetan riaya Kartini ora mung kanggo syarat nanging tansah ngelingake kita kabeh supaya nerusake perjuangane lan gegayuhane Kartini sing durung kelakon ing jaman saiki.
Salam Serviam …!!